REFLEKSI

Merefleksikan perjalanan kehidupan untuk menjadikan keindahan, kebahagiaan dan kedamaian dalam hidup ini,,,, Tuhan memberkati

Rabu, 21 September 2011

Malaekating Allah


Malaékating Allah nglantarakên dhawuh dhatêng Kênya Maria.

Lajêng Sang Kênya anggarbini saking kuwasaning Hyang Roh Suci.

Sembah bekti kawula dewi Maria kekasihing Allah,

pangeran nunggil ing panjenengan dalem,

sami-sami wanita sang dewi pinuji piyambak,

saha pinuji ugi wohing salira dalem sri Yesus.

Dewi Maria, ibuning Allah,

kawula tiyang dosa sami nyuwun pangapunten dalem,

samangke tuwin benjing dumugining pejah.Amin

Kawula abdining Allah, Sandika ing dhawuh Dalêm.

Sembah bekti kawula dewi Maria kekasihing Allah,

pangeran nunggil ing panjenengan dalem,

sami-sami wanita sang dewi pinuji piyambak,

saha pinuji ugi wohing salira dalem sri Yesus.

Dewi Maria, ibuning Allah,

kawula tiyang dosa sami nyuwun pangapunten dalem,

samangke tuwin benjing dumugining pejah.Amin

Sang Sabda lajêng dados manungsa. Yêktos nunggil ing kawula.

Sembah bekti kawula dewi Maria kekasihing Allah,

pangeran nunggil ing panjenengan dalem,

sami-sami wanita sang dewi pinuji piyambak,

saha pinuji ugi wohing salira dalem sri Yesus.

Dewi Maria, ibuning Allah,

kawula tiyang dosa sami nyuwun pangapunten dalem,

samangke tuwin benjing dumugining pejah.Amin

Ibuning Allah nyuwun pangèstu dalem. Supados pantês nampi ganjaran kasagahan Dalêm Sang Kristus.

Suwawi sami munjuk :

Gusti, sarèhning kawula sampun dipun wartosi ing Malaékat, bilih Putra Dalem yêktos manjalma, mila sami nyuwun sih pitulungan Dalêm, supados sarana saking sangsara saha pamênthanganipun Putra Dalêm, bénjing satangining badan, kawula sagêda ndhèrèk kamulyakakên. Lantaran Sang Kristus Gusti kawula. Amin.